photo cls5_2.jpg  photo ABE1.jpg  photo frd.jpg

Contoh Latihan SOAL ULANGAN BAHASA DAERAH SMP KELAS 7

MID SEMESTER GANJIL/ BAHASA DAERAH/
KELAS 7/ SMP MUHAMMADIYAH 3 NGAWI
 


A.       Ukara-ukara ing ngisor iki owahana dadi ngoko andhap lan karma supaya trep unggah-ungguhe!
1.        Layang iku wenehna bu Sri.
-          Ngoko lugu      : ……
-          Krama              : ……
2.        Yen gelem ora usah mulih, turu kene bae!
-          Ngoko lugu      : ……
-          Krama              : ……
B.       Wacanen pacelathon iki!
Andi
:
Dik, arep menyang ngendi?
Diki
:
Menyang Jakarta, kowe arep menyang ngendi?
Andi
:
Aku ya arep menyang Jakarta.
Diki
:
Neng Jakarta numpak apa?
Andi
:
Aku numpak bis wae.
Diki
:
Apa bareng aku wae, numpak pesawat sukhoi?
Andi
:
Ora, aku kepengin numpak bis wae, matur suwun.

3.        Pacelathon ing dhuwur migunakake basa ngoko lugu. Coba saiki pacelathon iku owahana nganggo basa ngoko andhap lan ngoko lugu antarane Andi (enom) karo mas Diki (luwih tuwa)!
4.        Coba saiki pacelathon iku owahana nganggo basa karma inggil lan ngoko lugu antarane Andi (bocah) karo pak Diki (wong tuwa)!
5.        Tembung lingga yaiku? Wenehana tuladhane 5!
6.        Tembung Andhahan yaiku? Wenehana tuladhane 3!
7.        Nggawea ukara kanthi migunakake tembung-tembung ing ngisor iki!
-          Mangan
-          Nembang
8.        Tulisen huruf aksara Jawa cacah 20!
9.        Tulisen tembung-tembung ing ngisor iki nganggo aksara Jawa!
-          Bata                 -    Raja
-          Kaca                -    Pasa
-          Dawa